Pages

Contoh Cerita Bahasa Jawa


TRAGEDINE NGADIMIN

                Dino kuwi, Ngadimin bungah atine, amarga di tukokke montor anyar. Sik nukokke yakuwi bapak lan ibune. Senajan Ngadimin wong rodo ndhugal, rung ana telung dina montore wis dipretheli nggo butbutan. Ing sawijining dina, ngadimen arep melu balapan montor liar karo kanca kancane, amarga keturon, ngadimin dadi rada telat, Ngadimin banjur tangi gregapan ngangsi le lelunga ora nggawa helm. Amarga dalane adoh, tur wektune wis mepet, ngadimin banjur ngebut ngangsi ora gatekake rambu rambu lalulintas sing tulisane minimal kecepatan 40 KM/jam, Ngadimin tetep ngebut nganti ketepatane 100 Km/jam. Amarga saking kesusune ya ana lampu lalulintas sing nunjukake warna abang tetep di trobos. Ora nyana ora ngira, ana polisi ingkang njaga ing cerak lampu lalu lintas, akibate Ngadimin di uber polisi. Pikirane Ngadimin soyo kemrungsung amarga di uber  polisi, naging Ngadimin ora malah mandhek malah sansoyo ngebut ngangsi ora ngawasake rambu peringatan dalan lunyu. Amargane, Ngadimin tiba ngglangsar ngangsi awakke mblarut-mblarut, terus ngadimin di gawa ning rumah sakit karo polisi sing ngoyak mau. Nang rumah sakit ngadimin nangis amarga yo wis mlebu rumah sakit, motore rusak, yo keno tilang saka polisi.

Unknown

Phasellus facilisis convallis metus, ut imperdiet augue auctor nec. Duis at velit id augue lobortis porta. Sed varius, enim accumsan aliquam tincidunt, tortor urna vulputate quam, eget finibus urna est in augue.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar